HOME
Home » Artikel » Khutbah Idul Adha 1431 H

Khutbah Idul Adha 1431 H

Posted at December 16th, 2010 | Categorised in Artikel

اللهُ اَكْبَرْ (3×) اللهُ اَكْبَرْ (×3)اللهُ اَكبَرْ (×3

اَلْحَمْدُ لِلّهِ رَبِّ الْعَالَمِيْنَ نَحْمَدُهُ وَنَسْتَعِيْنُهُ وَنَسْتَغْفِرُهُ وَنَعُوْذُ بِاللهِ مِنْ شُرُوْرِ اَنْفُسِنَا ومِنْ َسَيِّئَاتِ اَعْمَالِنَا مَنْ يَهْدِ اللهُ فَلاَ مُضِلَّ لَهُ وَمَنْ يُضْلِلْ فَلاَ هَادِيَ لَهُ. اَشْهَدُ اَنْ لاَ اِلهَ اِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَاَشْهَدُ اَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ وَالصَّلاَةُ وَالسَّلاَمُ عَلَى نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى ءَالِهِ وَاَصْحَابِهِ وَمَنْ تَبِعَهُ اِلَى يَوْمِ الدِّيْنِ. اَمَّا بَعْدُ: فَيَاعِبَادَ اللهِ : اُوْصِيْكُمْ وَنَفْسِي بِتَقْوَ اللهِ وَطَاعَتِهِ لَعَلَّكُمْ تُفْلِحُوْنَ. قَالَ اللهُ تَعَالَى فِى الْقُرْآنِ الْكَرِيْمِ: يَااَيُّهَا الَّذِيْنَ اَمَنُوا اتَّقُوا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنَّ اِلاَّ وَاَنْتُمْ مُسْلِمُوْنَ

Allahu Akbar 3X Walillahilhamdu.

Jamaah Shalat Idul Adha Rahimakumullah..

Wonten enjang ingkang kebak berkah puniko, kito sedoyo kempal manunggal ngumandangaken takbir, tahlil soho tahmid ngagungaken asmanipun Allah SWT. Takbir ingkang kito ucapaken mboten anamung obahing lathi tanpo arti. Ananging minonggo pengakuan wonten ing ati kito bilih saestu Allah ingkang moho agung. Ucapan ingkang saget nggigah manah tiyang ingkah uwal saking paugeran agami, lan ucapan ingkang saget nggetaraken manahipun tiyang-tiyang ingkang sami iman dumateng Allah SWT.

Pramilo wonten ing mimbar puniko kulo ngajak dumateng diri kulo piyambak, ugi dumateng hadirin sekalian, monggo kito resepi ucapan takbir puniko kanti manah ingkang sumarah bilih Allah ingkang moho kuwaos lan kito mujudaken jalmo manungso ingkah lemah mboten gadah doyo punopo tanpo paringipun Allah SWT. Kito bucal tebih-tebih raos gumbede lan sombong ingkang saget nebihaken kito saking rahmatipun Allah SWT. Estu, wonten ing ngarsanipun gusti Allah kito sedoyo puniko alit kados dene bleduk ingkang kabur wonten ing tengahing bawono ingkang jembar tanpo wakes. Bondo donyo, endahing rogo lan palenggahan kulo panjenengan sami bade pun lirwakaken dining Allah tanpo keimanan lan Taqwa wonten ngarsanipun gusti Allah ingkang hamengku jagat.

Hadirin Jama’ah idul adha ingkang minulyo

Dinten rioyo idul Adha ingkang kito pengeti saben tanggal 10 (sedoso) Dzulhijja puniko ugi dipun wastani dinten rioyo Haji. Karanten wonten ing dinten puniko dipun tindakaken ibadah haji. Antawis 2 (kaleh) yuto tiyang saking negari-negari ing donyo puniko sowan nuhoni panggilan Allah ing tanah suci Mekah. Sedayanipun ngginakaken rasukan ingkang dipun wastani ikhrom, injih puniko rasukan putih tanpo dipun jahit ingkang mratelakaken kesucian bilih sowan wonten ngarso dalem Allah kedah nyucekaken jiwo mboten pareng sombong lan congkak. Makna sanesipun bilih wonten ngarsanipun Allah sedoyo kawulo meniko sami, mboten wonten ingkang mbentenaken kejawi iman lan taqwa. Milo sedayanipun sami ngumandangaken kalimat talbiyah

“Labbaik Allahumma Labbaik. Labbaika La syarika laka labbaik. Innal hamda wa nikmata laka wal-mulka laa syarii kalak.”

Kejawi di pun wastani dinten rioyo haji, idul adha ugi dipun wastani dinten rioyo qurban. Artosipun bilih kito sedoyo supados saget peparing dumateng tiyang sanes. Peparing puniko mujudaken bentuk tresno kito tumrap liyan, injih puniko dumateng kulowargo, sederek, tonggo tepalih lan sedoyo tiyang ingkang mbektahaken pitulungan kito. Sinaoso awrat ananging menawi dipun landasi kanti raos ikhlas lan tresno bede keraos enteng.

Rioyo idul adha ugi dipun wastani idul nahr, artosipun rioyo penyembelihan. Bilih ing rioyo puniko kito dipun printahaken nyembelih hewan qurban kagem tiyang ingkang mampu nindaaken.

Perintah nyembelih qurban puniko kadosdene pangandikan Allah :

“Inna a’toina kal kautsar, fasolli li robbika wan har”.

Sak temene wis tak paringke marang siro kabeh nikmat sing akeh, mulo podo tindakno sholat lan tindakno qurban (Q.S. Al-kautsar: 1-2)

Allahu Akbar 3X Walillahilhamdu.

Kaum Muslimin wal muslimat ingkang tansah dipun rahmati dining Allah.

Dinten rioyo Idul Adha puniko ngemutaken kito sedoyo dumateng kanjeng nabi Ibrahim as, ingkang dipun gelari “Khailullah” utawi kekasih Allah. Awit gelar puniko dipun paringaken dumateng panjenenganipun Nabi Ibrahim karenten piyambakipun mujudaken priyagung ingkang linuwih ing tuhu lan pangabektenipun wonten ngarso dalem Allah SWT.

Allah SWT ngendiko :

قَدْ كَانَتْ لَكُمْ اُسْوَةٌ حَسَنَةٌ فِى اِبْرَاهِيْمَ وَالَّذِيْنَ مَعَهُ

Saktemene wis ono patuladan ingkang luhur kanggo siro kabeh ono ing nabi  ibrahim lan wong-wong ingkang tuhu (QS Al Mumtahanah [60]:4).

Dumateng kanjeng nabi ibrahim as lan kulowargonipun kito saget mendet piwucal ingkang ageng injih puniko ing babakan kesabaran lan optimisme.

Kados pundi kesabaran lan raos optimis kanjeng nabi ibrahim saget kito mangertosi nalikane piyambakipun nuhoni dawuh gusti Allah supados mapakaken garwo lan putrane wonten ing papan ingkang tandus, garing mboten wonten tetanduran ingkang tuwuh. langkung mrihatosaken maleh bilih ing papan puniko wau ugi mboten wonten tiyang sanes ingkang mapan gesang, milo siti hajar namung kaliyan putranipun ismail ingkang taksih mimik kemawon ingkang mapan ing papan asing puniko wau. Papan puniko wau ingkang sak lajengipun dipun wastani Mekah, tebihipun 1600km saking panggenanipun piyambak negari palestina. Saget kito bayangaken kados pundi agenge pangorbanan kulowargo nabi ibrahim pisah tebih benten negari kamongko mboten wonten tiyang sanes ingkang saget paring pitulungan.

Awit agengipun peristiwa puniko, Allah SWT ngabadekaken wonten ing qur’an :

QS.Ibrahim : 37

Nalikanipun siti hajar ketelasan toyo kagem unjukan, piyambakipun bingung lajeng mlajar-mlajar saking redi sofa lan marwah ngantor kaping pitu. Allah ingkang moho welas asih lajeng ngutus dumateng malaikat jibril paring sumber toyo injih puniko sumur zamzam, ingkang kadadosan saking mata air nalikanipun bayi ismail njejak siti. Peristiwa puniko sakmeniko dados rangkaianipun ibadah haji ingkang dipun wastani sya’I, utawi lari-lari kecil saking bukit sofa-marwah.

Awit kesabaran lan pengorbananipun kulowargo nabi ibrahim, akhiripun negari ingkang sak waune gersang, tandus mboten wonten taneman sakmeniko dados negari ingkang makmur lan dados kiblat pangibadahanipun umat Islam. Kota mekah ingkang ayem, toto titi tentrem puniko kados dene ingkang dipun ngendikakaken Allah :

  1. Al-Baqarah 126

Allahu Akbar 3X Walillahilhamdu.

Hadirin Jama’ah idul adha Rakhima kumullah

Perintah Allah supados kanjeng nabi Ibrhim nyembelih putranipun ismail ugi sanes perkawis ingkang entheng. Ngantos-ngatos nabi ibrahim bingung bade ngleksanakaken printah puniko, karanten nabi ismail mujudaken putra semata wayang ingkang sampun di pun tenggo-tenggo. Dangu estu nabi ibrahim mboten kagungan putro, nembe nalikanipun sampun yuswo sepuh pinaringan putro. Ananging kebahagiaan kagungan putro kolo wau kados-kados anamung sak kedeping moto awit printah supados nyembelih ismail. Keremenanipun mirsani putro geganthilaning ati ingkang taksih nedheng-nedhengipun kados dene sirno mbayangaken printah nyembelih ismail. Perkawis puniko dipun gambaraken dining Allah wonten ing pangandikanipun :

Mulo naliko anak iku (ismail) tekan ngumur, Ibrahim ngendiko: “Hai anakku saktemene  Aku weruh ono ing impen yen Aku menyembelih awakmu. mulo pikirno apo pendapatmu!” ismail  njawab: “duh bopo, tindakno menopo ingkang dados dawuh gusti Allah dumateng panjenengan; insya Allah panjenengan bade nemahi kulo kalebet tiyang2 ingkang sabar”.(QS Ash Shaffat [37]:102).

Allahu Akbar 3X Walillahilhamdu.

Kaum Muslimin ingkang dipun tresnani dening Allah

Peristiwa-peristiwa ingkang dipun lampahi kanjeng nabi Ibrahim puniko mujudaken kasunyatan sejarah ingkang saget dados patuladan tumrap manungso ing panggesangan donyo. Pacoben ingkang ageng dipun adepi dening kulowarganipun nabi Ibrahim estu mboten wonten tadinganipun menawi kita bandingaken kaliyan kawontenan ingkang kita lampahi sak meniko. Sedoyo kabektahan kito sarwo sarwi kecukupan menawi kito saget ngupadi kanti saestu. Nalikanipun kito nemahi kekirangan ugi wonten sederak lan tiyang sanes ingkang paring pitulungan.

Kejawi puniko ing tahun puniko kito ugi nemahi musim rendeng ingkang linangkung cepet, kito sedoyo emut bilih ing tahun wingi kito nindakaken shalat idul adha ing kawontenan ketigen dowo. Ewo semanten kok kito taksih nggersulo dumateng Allah, nyatur kalian jawah ingkang mboten kados pangajeng-ajeng kito. Menawi jawah ingkang Allah paringaken puniko mboten nyekapi lan dados kekajengan kito, nopo kito sedoyo bade nyuwun udan awu lan udan krikil ingkang saget mejahaken taneman lan panggesangan kulo panjengan sami?! Na’udzubillah minzalik…

Monggo kito sedoyo ingkang kulinten nyatur paringipun Allah arupi jawah lan taneman puniko sami nyuwun ngapunten. Karanten menawi pangandikan da’I lan ustadz sampun mboten saget nyadaraken kito, Allah saget ndawuhaken pepimut sanesipun ingkang arupi genung njebluk, udan awu, tanah longsor, banjir, sunami lan gempa bumi.

Estu menawi kito nuruti kekajengan howo nefsu mboten bade nemahi kemareman, kados dene pangandikan Allah :

Sesungguhnya manusia diciptakan bersifat keluh kesah lagi kikir. Apabila ia ditimpa kesusahan ia berkeluh kesah, dan apabila ia mendapat kebaikan ia amat kikir, kecuali orang-orang yang mengerjakan shalat. (QS. Al-Maarij (70) : 19-22)

Allahu Akbar 3X Walillahilhamdu.

Ma’asyiral Muslimin Rahimakumullah.

Kito sedoyo nderek prihatos awit sederek kito ing lereng merapi nembe nampi musibah. 200 (kalih atus) tiyang langkung sedo kenging terjangan wedus gembel utawi awan panas. Lan langkung saking 200.000 (kalih atus ewu) tiyang ngungsi nebihi gunung merapi. Jumlah puniko menawi dipun bandingaken kalian penduduk gunungkidul meh sepalehipun. Sedoyo pengungsi kolo wau dereng mangertos kapan bade saget wangsul maleh. Mbok bilih saget wangsul maleh ugi katah ingkang sampun kecalan griyo lan kewan ingkang dados sumber penghasilan. Semanteno pemerintah bade nggantos kewan ingkang mati, ananging dereng temtu pulih kados dene regi ingkang sak limrahipun. Menopo malih taneman lan wono ingkang kurukan pasir merapi ing sebagian nginggil sampun mboten saget dipun tanemi malih. Puniko wau mujudaken kesusahan ingkang tumpuk manumpuk.

Milo menggahipun kito ingkang tebih saking merapi lan tebih saking bencana puniko kedahipun bersyukur dumateng Allah. Sak lajengipun paring pitulungan punopo kemawon wujudipun, minimal dongo kagem sederek ingkang nembe nemahi musibah.

Monggo kito emut pangandikan Allah ;

“Lain syakartum laazidannakum, walain kafartum inna adzabi lasyadiid.”

Sak temene yen siro kabeh syukur marang Aku (Allah) bakal tak tambah nikmatKu, ananging yen siro kabeh podo kufur, mangertio sak temene siksoku iku perih.

Pangandikan Allah puniko mujudaken pemut dumateng kito supados kito tansah bersyukur, nrimo ing pandum awit paringipun Allah SWT. Menawi kito kufur kalian nikmat Allah, nggersulo lajeng nyatur dumateng Allah awit rejeki ingkang sekedik, milo kados dene kito nyuwun pemut saking Allah arupi musibah ingkang pedih.

Syukur kito ucapaken wonten ing lisan, meniko penting. lajeng ngginakaken nikmat kanti ngabekti dumateng Allah ugi mujudaken sampurnaning raos syukur.

Allahu Akbar 3X Walillahilhamdu.

Ma’asyiral Muslimin Rahimakumullah.

Piwucal sak lajengipun ingkang saget kito pendet saking nabi Ibrahim injih puniko optimisme anggenipun ngadepi pacoben. Optimis artosipun kito nggadahi keyakinan bilih ing sak mangkih Allah mesti paring ingkang linangkung sae.

Bilih sedoyo tiyang nggadahi masalah puniko mboten saget dipun selaki, anangning ingkang paling penting kados pundi kito saget ngadepi masalah lan uwal saking pacoben ingkang awrat. Siti hajar ingkang mlajar-mlajar saking bukit sofa lan marwah mujudaken usaha pados toyo kagem putrane ingkang luwe. Sak lajengipun Allah paring pitulungan ingkang mboten kanyono-nyono.

Puniko wau mujudaken piwucal dumateng kito sedoyo, bilih nalikanipun kito nemahi masalah kedah dipun adepi kanti usaha ingkang maksimal. Menawai usaha puniko sampun kito tindakaken lan kanti di pun iringi dongo, milo pitulungan Allah bade pun paringaken dumateng kito sedoyo.

Allah SWT ngendiko :

“Wamayyatkillaha yaj’allahu makhroja”.

“sing sopo wonge taqwa marang Allah, mesti piyambakipun Allah bakal menehi pitulungan”

Ayat sak lajengipun Allah ngendiko :

“Wayar zukhu min khaitsu laa yakhtasib”.

Lan bakal menehi rizki seko arah sing ora kenyono-nyono”.

(Q.S. At-Thalak 2-3)

Syarat kito pikantuk pitulungan Saking Allah SWT injih puniko ketakwaan ingkang saestu. Injih puniko nindakaken punopo ingkang dados dawuhipun Allah lan Nebihi punopo ingkang dados awisanipun.

Sepindah malih kulo ngajak dumateng sedoyo jamaah, langkung-langkung dumateng diri kulo piyambak, monggo kito ningkataken raos syukur dumateng Allah SWT. Punopo ingkang dados paringipun Allah monggo kito ginakaken kanti saestu tuhu lan ngabekti dumateng Allah ingkang moho kuaos.

Wancinipun kito nemahi pacoben, monggo kito adepi kanti sabar lan optimis bilih ing sak mangkih Allah mesti bade paring pitulungan. Mboten bade Allh maringi pacoben linangkung saking kemampuan kito ngadepi masalah puniko.

Allah ngendiko :

La yukallifullahu nafsan illa wus ‘aha.

Pungkasing atur, monggo kito tutup khutbah shalat Ied wontening enjang puniko kanti ndedongo wonten ngarsanipun Gusti Allah swt:

اَللَّهُمَّ انْصُرْنَا فَاِنَّكَ خَيْرُ النَّاصِرِيْنَ وَافْتَحْ لَنَا فَاِنَّكَ خَيْرُ الْفَاتِحِيْنَ وَاغْفِرْ لَنَا فَاِنَّكَ خَيْرُ الْغَافِرِيْنَ وَارْحَمْنَ ا فَاِنَّكَ خَيْرُ الرَّاحِمِيْنَ وَارْزُقْنَا فَاِنَّكَ خَيْرُ الرَّازِقِيْنَ وَاهْدِنَا وَنَجِّنَا مِنَ الْقَوْمِ الظَّالِمِيْنَ وَالْكَافِرِيْنَ.

Duh gusti Allah paringno pitulung dateng kawulo ingkang mboten doyo, jalaran namung dateng paduko duh gusti Allah ingkang saget maringi pitulungan,

Duh gusti Allah paringno kemenangan dumateng kawulo, jalaran anamung paduko ingkang saget peparing sedayanipun.

Duh gusti Allah paringno pangapunten dumateng kawulo, jalaran anamung paduko ingkang saget peparing pangapunten kawulo.

Duh Gusti Allah paringno rohmat dumateng kawulo, jalaran anamung paduko ingkang saget paring rohmat dateng kawulo.

Duh gusti Allah paringno rizki dumateng kawulo, jalaran anamung paduko ingkang saget paring rizki dumateng kawulo.

Duh gusti Allah kulo nyuwun pitedah lan pengayoman dateng paduko saking tiyang-tiyang ingkang dzalim lan kafir.

اَللَّهُمَّ أَصْلِحْ لَنَا دِيْنَناَ الَّذِى هُوَ عِصْمَةُ أَمْرِنَا وَأَصْلِحْ لَنَا دُنْيَانَ الَّتِى فِيْهَا مَعَاشُنَا وَأَصْلِحْ لَنَا آخِرَتَنَا الَّتِى فِيْهَا مَعَادُنَا وَاجْعَلِ الْحَيَاةَ زِيَادَةً لَنَا فِى كُلِّ خَيْرٍ وَاجْعَلِ الْمَوْتَ رَاحَةً لَنَا مِنْ كُلِّ شرٍّ

Duh gusti Allah, paringno kelestantunan dumateng agami kulo,  karono meniko mujudaken pondasi kagem sedoyo jejibahan kawulo. Paringno kabekjan lan kamulyon kagem ndonyo kulo, karono meniko mujudaken papan kawulo gesang. Paringno kabekjan lan kamulyan wonten ing akhirat kawulo, karono meniko mujudaken papan kulo sowan ngarso dalem paduko. Mugi kawulo gesang saget pikantuk tambahan amal kesahenan, lan menawi kawulo sowan saget bebas saking sikso paduko.

اَللَّهُمَّ اقْسِمْ لَنَا مِنْ خَشْيَتِكَ مَاتَحُوْلُ بَيْنَنَا وَبَيْنَ مَعْصِيَتِكَ وَمِنْ طَاعَتِكَ مَا تُبَلِّغُنَابِهِ جَنَّتَكَ وَمِنَ الْيَقِيْنِ مَاتُهَوِّنُ بِهِ عَلَيْنَا مَصَائِبَ الدُّنْيَا. اَللَّهُمَّ مَتِّعْنَا بِأَسْمَاعِنَا وَأَبْصَارِنَا وَقُوَّتِنَا مَا أَحْيَيْتَنَا وَاجْعَلْهُ الْوَارِثَ مِنَّا وَاجْعَلْهُ ثَأْرَنَا عَلَى مَنْ عَاداَنَا وَلاَ تَجْعَلْ مُصِيْبَتَنَا فِى دِيْنِنَاوَلاَ تَجْعَلِ الدُّنْيَا أَكْبَرَ هَمِّنَا وَلاَ مَبْلَغَ عِلْمِنَا وَلاَ تُسَلِّطْ عَلَيْنَا مَنْ لاَ يَرْحَمُنَا

Duh gusti Allah, tuwahno raos ajrih dateng paduko, ingkang saget ngampet saking tumindak durhoko dumateng paduko. Lan tuwahno raos taat dumateng paduko ingkang saget nglarapaken kawulo dateng suwargo paduko. Lan tuwahno raos kapitadosan ingkang saget ndadosaken enteng sedoyo pacoben wontening ndonyo.

Duh gusti Allah, paringno kanugrahan dumateng kawulo lumantar talingan, netro, lan kekiyatan sak laminipun kawulo taksih gesang ngantos dumugining sedo. Lan ampun paduko dadosaken musibah dateng kawulo lan agami kawulo, lan ampun paduko dadosaken karemenan donyo nglirwakaken dumateng paduko, lan ampun paduko dadosaken pemimpin ingkang mboten tresno dumateng kawulo.

اَللَّهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمَاتِ وَالْمُؤْمِنِيْنَ وَالْمُؤْمِنَاتِ اَلأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَالأَمْوَاتِ اِنَّكَ سَمِيْعٌ قَرِيْبٌ مُجِيْبُ الدَّعْوَاتِ.

Duh gusti Allah, paringno pangapunten dumateng kaum muslimin lan muslimat, mukminin lan mukminat, sahe ingkang taksih gesang menopo dene ingkang sampun sedo. Saktemenipun namung padduko ingkang moho midanget, caket lan ngijabahi dongo kawulo.

 رَبَّنَا اَتِنَا فِى الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِى الأَخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ.

Duh gusti Allah, paringno kanugrahan dumateng gesang kawulo wonten ing donyo, lan kanugrahan wonten ing akhirat, lan mugi tinebihno saking sikso neroko

 

AB Subranto,
Disampaikan Dalam Khutbah Idul Adha 1431 H

Di Masjid Al-Amin, Nangsrikidul, Candirejo, Semanu, Gunungkidul

 

Tags :